" UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA "
Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring pepadhang.
Menggah wontening wewejangan 8 pangkat wau kados ing ngandhap punika :
I. Wewejangan ingkang rumiyin dipun wastani “ Pitedahan Wahananing Pangeran “ sasadan pangandikanipun Pangeran dating Nabi Muhammad SAW mekaten pangandikanipun : “ Sejatine ora ono opo – opo, awit duk maksih awing – uwung during ana sawiji – wiji, kang ana dihin iku ingsung, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun ( Dat, sipat, asma, afngal ) “
Menggah unungipun mekaten : “ kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging Ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sejatosipun inggih gesang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, menggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawasesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih ingkang misesa, inggih Wang’ ( daean inggih kang manuksma, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih kang kawisesa, umpami surya lan sunaripun, maben lan manisipun, sayekti mboten saged den pisaha )
II. Wewejangan ingkang kaping kalih dipun wastani : “ Pambuka Kahananing Pangeran “, pamejangipun amarahaken papangkatan adeging gesang kita dumunung ing dalem 7 kahanan, sasadan pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW . Mekaten pangandikanipun : “ Satuhune Ingsun Pangeran sejati, lan kawasa anitahake sawiji – wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pepesteningsun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha “.
Kang Dhihin ; Ingsun gumana ing dalem alam awing – uwung kang tanpa wiwitan tanpa
wekasan, iya iku alam Ingsun kang maksih piningit.
Kapindho ; Ingsun nganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing alam
pasenedaningsun.
Kaping telu : Ingsun nganakake wawayangan, minangka panuksma lan dadi rahsaningsun,
dumunung ana ing alam pambabaring wiji.
Kaping pat : Ingsun anganakake suksma, minangka dadi pratandha kauripaningsung,
dumunung ana ing alam getih.
Kaping lima : Ingsun anganakake angen – angen kang uga dadi warnaningsung, ana ing dalem
alam kang lagi kena kaumpamaake bae.
Kaping enem : Ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pencaring angen – angen
kang dumunung ing dalem alaming badan alus.
Kaping pitu : Ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan sakabehing
paserenaningsun. Kasebut nem prakara ing ndhuwur mau tumitah ana ing donya
iya iku sajatining manungsa.
Kacariyos wontening warana wau, kadadosaken saking pakartining pramana, warni sosotya kang darbe sorot manca warni. Ing nalikanipun mosik lajeng ngawontenken warna tigang ( 3 ) perangan, ing satunggal – tunggaling perangan sami angawontenaken warni nigang perangan malih, kadosta ;
1. Huruh, ngawontenaken :
1. Kulit, daging, sapanunggalanipun,
2. Manik, manah, jantung sapanunggalanipun,
3. Harah, Mani, sapanunggalanipun
2. Kukus ngawontenaken:
1. Napas lan Kaketeg.
2. Pancandriya.
3. Napsu
3. Toya ngawontenaken :
1. Suksma utawi Nyawa.
2. Rahsa utawi Cipta,
3. Cahya.
Sadaya wau inggih punika ingkang sami dados warnaning Pangeran, dumunung ing badan kita pribadi, sampun uwas lan sumelang ing penggalih. Sebab kawontenanipun ingkang gumelar ing jagad ageng lan jagad alit, punika sampun kawengku wonten salebeting warana, kaprabawan dening purbawasesaning Pangeran kita.
Sumber : Kitab ATASSADHUR ADAMMAKNA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar